Kamis, 08 Juli 2010

tumo khatok


Tumo katok
adhiku sing paling cilik dhewe lagi rewel-rewel’e ibuku lagi repot ngumbai .”nduk,tulung adhine dineng –nengi ibu lagi kemrungsung gaweanku iseh teng klarah “ panjaluke ibuku sambi ngos –ngosan.krungu panjaluke ibuku aku banjur glegah tangi “ geh buk..tak neng-nengane” wangsulanku sambi nyedhaki adhiku”ucup…ucuppp….cuppp diyem adiku chayaanxxx paling cantik paling manis”rayuku marang adhiku go boso Indonesia tekmen adhiku durung genah boso jowo ,maklum cah jaman saiki tiru-tiru sinetron .”kenapa kok nangis terus mau permen…eh eh .. atau mau kakak bacain cerita upin ipin mau”krungu wangsulanku mau tangisane adhiku nyelot kenceng,”ndak mau ndak mau…mau entok bob-entok bob “panjaluke adhiku karo mimbik-mimbik manja banget.dheleg –dheleg aku bingung opo pepinginane adhiku,pikerku jaluk dinyanyeake menthok-menthok banjur tak nyanyeake “ehemmmzzz….ehemmmmzzz dooo reeee do re mi “ancang-ancangku sedurung nyanyi waah rasane koyo bintang top dhewe”menthok –menthok tak kandani mung mlakumu aggg….”durung rampung aku le nyanyi tangisane tambah sero ora koyo biasane atiku rasane buneg tenan rasane mangkel tur yo ra tego dhelok le nangis “untung mung dhuwe adhi siji nak genep papat walah dadi ra waras aku”omongku nang jero ati.nyelot suwe tangisane nyhelot koyo gluduk mecah’ ake sepi ne omah.sreeekkk….srekkkk….sreekkkkk suaro sandale ibuku,ibuku banjur nyerak”iseh nangis terus nopo nduk”pitakone ibuku sambi ngos-ngosan koyo lemes “injeh buk,lha adhik niku jaluk entoook-bob entokkk-bob sampun kulo tambang ake menthok-menthok tangisane tambah sero buk”wangsulanku nganggo boso campuran asline yo podo aku ro adhiku ora dung boso jowo alus.“oowalahhh nduk adhimu kuwi jaluk dhelok spon bob udu jaluk tok nyanyeake menthok-menthok”jawabe ibuku karo guyu wah rasane isin temenan bingung le arep dheleh ake rupo.walah cah jaman saiki karo biyen bedo .geg cilik’anku aku nangis udu gara-gara spon bob nanging kon nukok ake buku cerito,paling tak senengi yoiku cerito sincan .walah nak ditokok’ake buku cerito kuwi senenge ora mekakat,kon milih dolanaan po buku cerito mesti milih buku cerito bedo roc ah jaman saiki,banjur tak woco bolan baleni,tak gowo nang ngendi ngendi lan bar ditukok’ake buku cerito sincan lha sedulur ku teko ,kuwi cah sing paling jahil,opo-opo barang panjaluk’e kudu dituruti lan meng dirusak mulo aku bingung le arep deleh’ake buku cerito ku mau.dikek dhewe tak deleh’ake nang kamarku wah tapi ora aman banjur tak pindah nang kamar mandi tapi palah konangan ibuku lan diseneni delehke buku ora manggon,aku bingung arep delehke buku ne nandi meneh kabeh papan wes ora aman. Teko-teko ono suara tokkk…tokkkk….tookkk….tokkk suara nothok lawang lan suara budheku karo sedulur ku jenengane panjul.aku bingung arep deleh’ake buku crito ku kuwi nandi banjur tak lebok’ake kathokku lan lingguh anteng banjur guya-guyu koyo wong ra genep.ibuku,budhe ku,panjul kabeh do njekut mangan lan geguyon,aku mung iso dheleng’ake karo kethap-kethip rasane keju temenan lingguh terus tur yo piye nak aku ngadek buku ne mesti tiboterus dirusak panjul.tak tahan –tahan sambi ngampet ngeleh lanngampet pipis. Ibuku akon aku kon melu ngumpul tur aku mung mesam-mesem.Nanging dek do asik –asike mangan teko-teko aku nguyuh manggon.suara suuuuurrrrr……suuuuuurrrrrrr…..surrrrrrrrrrrrrr banjur kabeh do teles.panjul banjur bengok alok:”wezzzzzz weyyyyyy …..weyyyy dedepol…dedepolll……dedepol cah gedhe ngompol hhaaaa ngompol ngompol dedepol!!!isinnn isinnnn”banjur aku nangis nggugug yo gara –gara isin tur yo gara-gara ngelingi buku ceritoku mau sing tak dhelek’ake nang jero katok mesti teles ra iso diwoco meneh.banjur ibuku nyedhaki aku lan aku arep digawa menyang wc,nanging aku wegah lan tep jegegek ora gelem menyat seko panggonanku nanging dipekso ro ibuku ,walah kathokku ora rupo kathok lan buku ceritoku wes ambyur lan ambune wah jannn ra karuan.mulo tekan saiki parabanku tumo kathok,lan menowo kelingan pengalaman mau aku bias guyu dhewe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar